Minggu, 09 Oktober 2011

Ternyata "Tuku Asbak Ra Kudu Udud"

0 komentar
Salah satu kisah menarik mengenai asbak dan rokok.Beginilah kisahnya:
Sawijining dina, Glendhoh, mlaku-mlaku menyang Ngayogyokarta.Esuk mau dheweke wus numpak sepur Prameks saka Solo kanthi pangajab ora kawanan tekan Ngayogyakarta.Satekane stasiun tugu,Glendhoh banjur mudhun soko sepur lan mlaku nuju ratan malioboro.Nalika mlebu Malioboro kanthi mlaku turut emperan ratan Malioboro kuwi,Glendhoh ditawani dening bakul-bakul souvenir lan sandhangan,utawa maneka warna jinis panganan kang dadi ciri mligine Nyayogyakarta.Rada sauntara mlaku,glendhoh dicegat sawijining bakul souvenir sing ngakune jenenge klithuk.Pawakane cengkring lan nganggo klambi lurik sarta blangkonan,sarta mitayani. 
    Klithuk: Mangga Pak mampir sekedhap.
    Glendhoh: Oh...sampun, matur suwun.
    Klithuk: Mangga pak, niki wonten asbak Pak. Rp 10.000 angsal tigang iji.Murah lhe Pak    Glendhoh: Oh...mboten pak, kula mboten udud.
    Klithuk: Kula mboten tawa udud kok pak. kula niki tawa asbak. mangga...mangga sepuluh ewu tiga.
    Glendhoh: Rrrrrgh...wong ki jan ngeyel. (Gayeng Kiyi-Solopos)           

0 komentar:

Posting Komentar